Description
Buku Suluh Basa Jawa kangge murid SD/MI punika kasusun kanthi Pendekatan Saintifik Berbasis Teks. Pendekatan punika nengenaken aspek penerapan praktis kanthi aspek religius, sikap sosial, kognitif, lan psikomotorik. Dene, buku punika karacik adhedhasar Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa Provinsi Jawa Tengah. Kaunggulaning buku punika ing antawisipun:
- Saben materi ingkang kasusun punika mawi crita kang nengsemake lan ndadosaken para murid aktif wonten salebeting pasinaon. Buku punika migunakaken pendekatan sains mawi konsep 5M.
- Buku punika dipunjangkepi kaliyan gladhen-gladhen supados para murid langkung saged ngembangaken potensi ingkang dipungadhahi.
- Buku punika dipunjangkepi dening Kamus Kecik lan Ayo Negesi Tembung ing saben bab supados para murid saged mangertosi tegesipun tembungtembung basa Jawa lan ngginakaken ing padinan kanthi trep.
- Buku punika ugi dipunjangkepi mawi Gladhi Kompetensi lan Gladhen Wulangan Semester kangge ngukur kapinteranipun para murid anggenipun mangertosi materi ingkang sampun dipunwucalaken.
- Buku punika sampun trep kaliyan SURAT KEPUTUSAN GUBERNUR JAWA TENGAH NOMOR 420/119 TAHUN 2015.
Reviews
There are no reviews yet.